Bahasa Jawa
III/II
CINDHELARAS
Dhek jaman biyen ing Kraton Jenggala ana satriya kang asma Raden Putra. Garwane loro, yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka. Dewi Limaran mau elek banget penggalihe. Gethinge karo Dewi Limaran kebat kliwat. Kerep banget wadul sing ora-ora marang Raden Putra.
Suwe-suwe Raden Putra ngandel, banjur Dewi Limaran ditundung. Nalika iku lagi mbabat, dadi yo mesakke banget. Tindake ora ana sing ndherekake, nganti kalunta-lunta tekan tengah alas.
Ing alas kono banjur gawe omah-omahan cilik, payone saka klaras. Bareng wis tekan wayahe banjur mbabar miyos kakung, bayi mau diparingi jeneng Cindhelaras.
I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d kang ana ngarepe wangsulan sing koanggep bener!
1. Raden Putra iku satriya saka .........
a. Ngamarta c. Jenggala
b. Pringgodani d. Maespati
2. Rikala ditundung Dewi Limaran lagi ...
a. Mbabat c. Mbabar
b. Miyos d. Lara
3. Ibune Cindhelaras iku .....
a. Dewi Cindaka c. Dewi Sekartaji
b. Dewi Sri d. Dewi Limaran
4. Dewi Cindaka mau elek banget ......
a. Pikirane c. Rupane
b. Penggalihe d. Lakune
5. Raden Putra iku garwane ana .....
a. Siji c. Telu
b. Loro d. Papat
6. Bu Tuti wis kulina banget ............. putrane.
a. Mbopong c. Nggendhong
b. Nyangking d. Ngindhit
7. Tyo lambene ............ mula ora wani mangan sambel.
a. Abuh-abuh c. Lara
b. Lumpangen d. Memprengen
8. Piranti apa wae kang mentas kanggo kudu dibalekake ing panggonane. Mentas kanggo tegese .......
a. Ora kanggo c. Sawise kanggo
b. Durung kanggo d. Arep kanggo
9. Pendhapa Surya Graha iku jenenge kantor kabupaten ing kutha ....
a. Magetan c. Maospati
b. Ngawi d. mediun
10. Yen nggowo kucing prayogane .......
a. Dibopong c. Digandheng
b. Dicengkiwing d. Dikempit
11. Tas iki regane ........? Tembung kanggo ngisi ceceg-ceceg kang bener yaiku ....
a. Apa c. Sapa
b. Ngapa d. Pira
12. Wong sugih iku uripe tansah mulya. Mulya tegese ............
a. Kepenak c. Rekasa
b. Susah d. Seneng
13. Dadi bocah iku kudu resikan. Resikan iku ora ...............
a. Resik c. Reged
b. Kemproh d. Resikan
14. Ing carita pewayangan cacahe Pandhawa iku ana ......
a. 7 (Pitu ) c. 4 (Papat)
b. 5 (Lima) d. 3 (telu)
15. Kang kalebu sedulur kembar kadang Pandhawa yaiku .....
a. Puntadewa&Werkudara c. Bratasena&Janaka
b. Permadi&Yudhistira d. Raden Pinten&Raden Tangsen
16. Pucung iku jenenge “tembang”, kalebu tembang ...............
a. Dolanan c. Macapat
b. Gedhe d. Tengahan
17. Tembang macapat iku cacahe ana pira?
a. 11(sewelas) b. 9(sanga) c. 10(sepuluh) d. 5(lima)
18. Bayu sambat yen mules. Sing mules iku apane?
a. Wetenge c. Bathuke
b. Gulune d. Sirahe
19. Tembung “dakpangan” yen diudhal manut wandane dadi .....
a. Dak-pangan c. Dak-pa-ngan
b. Dak-pang-an d. Dakpa-ngan
20. Wong kang gaweane nabuh gamelan diarani .....
a. Sindhen c. Waranggana
b. Niyaga d. Dhalang
21. Ukara “Bapak lagi teka.”, yen diowahi dadi krama alus dadi ......
a. Bapak lagi dugi. c. Bapak nembe rawuh.
b. Bapak nembe dugi. d. Bapak nembe teka.
22. Adhikku mangan sego goreng. Wasesane ukara iku yaiku ......
a. Adhikku c. Sego
b. Mangan d. Sego goreng
23. Ukara ing no.21, lesane yaiku .......
a. Adhikku c. Sego
b. Mangan d. Sego goreng
24. Sapi, kebo, wedhus iku lumrahe diarani .......
a. Raja kaya c. Raja donya
b. Raja brana d. Raja muka
25. Sing lumrah diarani apotik hidup iku tanduran kanggo obat-obatan. Ingkang kalebu tanduran obat-obatan yaiku ...........
a. Pari, jagung, tela c. Laos, kunir, jahe
b. Sledri, wortel, kentang d. Pelem, gedhang, rambutan
26. Bapak pucung rentang-renteng kaya kalung. Guru wilangane tembang iku ana..
a. 10 b. 12 c. 6 d. 11
27. Guru lagune gatra tembang ing no.26 yaiku .....
a. a b. I c. u d. o
28. Kebo iku lagi nusoni ....... e.
a. Belo b. Pedhet c. Bledug d. Gudel
29. Ibukku golek godhong gedhang garing ing kebonan. Godhong gedhang garing jenenge .......
a. Karuk b, Daduk c. Klaras d. rendeng
30. Bisamu mung (rusak), ora bisa ndandani. Tembung rusak iku kudune .....
a. Dirusak b. Ngrusak c. Korusak d. Dakrusak
II. Wangsulana kang patitis!
31. Ibu tuku beras ing pasar. Yen diowahi dadi krama alus .....
32. Pak Lurah tindak kantor nitih sepedha. Yen diowahi dadi basa ngoko ....
33. Ukara iki tulisen nganggo tulisan jejeg sambung! Aku lagi sinau Basa Jawa.
34. Rakiten ukara iki supaya dadi ukara sing sampurna!
Ibu – pendhekare – wanita – Kartini – para – dadi
35. Sebutna tembang macapat 3 (telu) wae!
36. Gawea ukara nganggo tembung “daksilih”!
37. Apa tegese paribasan “kebo nusu gudel”?
38. Tulisen apa wae kang kalebu sandhangan swara! (5)
39. Tukini tuku boneka. Yen ditulis aksara jawa .....
40. Ukara iki tulisen nganggo aksara latin! adiku mc buku
PADHANG SIAGA
Bagas iku salah sawijining murid kelas papat SDN Rejosari. Dheweke klebu murid sing sregep. Mulane saben nampa rapot dheweke tansah dadi “Bintang Pelajar”. Bagas uga wis dadi anggota Pramuka. Melu Gugus Depan sing manggon ana ing sekolahane.
Amarga umure isih sangisore sewelas tauh, mula dheweke isih ana ing tingkat Siaga. Seje karo mbakyune sing wis ngancik kelas enem, mlebu tingkat Penggalang.
I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d kang ana ngarepe wangsulan sing koanggep bener!
1. Irah-irahane wacan ing dhuwur ......
a. Pramuka c. Pramuka Siaga
b. Padhang Pramuka d. Padhang Siaga
2. Supaya bisa dadi “Bintang Pelajar” kudu .....
a. Sregep b. Kesed c. Seneng d. Lumuh
3. Bagas kalebu anggota Pramuka tingkat ......
a. Pandhega c. Penggalang
b. Penegak d. Siaga
4. Miturut wacan ing dhuwur, sing kalebu tingkat Penggalang yaiku .....
a. Bagas c. Kakangane Bagas
b. Mbakyune Bagas d. Murid kelas papat
5. Bagas ora mlebu tingkat Penggalang amarga .....
a. Ora munggah kelas c. Umure sangisore sewelas taun
b. Ngancik kelas enem d. Melu Gugus Depan ing sekolahan
6. Setahun sepisan sekolahanku ngenekake persami. Persami singkatan saka ...
a. Perkemahan Sabtu Minggu c. Perkemahan Jumat Sabtu
b. Perkemahan Kemis Jumat d. Perkemahan Rebo Kemis
7. Menawi gerah kedah ngunjuk obat. Ukara iku migunakake basa ....
a. Ngoko b. Ngoko alus c. Krama d. Krama inggil
8. Adik ....., yen kancane mau tiba. Ceceg-ceceg iku sing bener diisi tembung ...
a. Kandha b. Ngendika c. Dhawuh d. Nimbali
9. Aksara jawa iku cacahe ana 20, sing ora gelem dipangku yaiku aksara .....
a. ha, ra, ka (a,r,k ) c. ha, ra, nga (a,r,z )
b. ha, nga, da (a,z,f) d. la, ra, nga (l,r,z )
10. Tembung “sriwedhari” yen ditulis jawa .....
a. s]iwefri c. s]iwedri
b. s]iwef[r d. si/wedri
11. Paseduluran sing ora bisa rukun diparibahasakake .....
a. Kaya bumi karo langit c. Kaya banyu karo lengo
b. Kaya mimi lan mintuna d. Kebo nusu gudel
12. Mbak Sari mundhut kertas ........
a. Sasuwek b. Salembar c. Sasiung d. Sadhompol
13. Tembung ing ngisor iki sing nganggo seselan um yaiku .....
a. Sesumbar c. Lumpang
b. Sumbangan d. Gumandhul
14. Aku wis mangan, nanging bapak durung ......
a. Nedha c. Maem
b. Madhang d. Dhahar
15. Sing ora kalebu tembang dolanan yaiku .....
a. Kinanthi c. Sarsur Kulonan
b. Jaranan d. Cublak-cublak suweng
16. Susi nulung adhine. Yen digawe ukara tanggap ........
a. Susi ditulung adhine c. Adhine Susi daktulung
b. Adhine ditulung Susi d. Adhine Susi koktulung
17. Sing kalebu ukara tanduk yaiku ....
a. Aku disangoni ibu. c. Adhik daksangoni
b. Ibu nyangoni adhik. d. Sapa sing koksangoni?
18. Ibu nyuwun priksa apa adhik wis bali? Nyuwun priksa ngokone ....
a. Takon b. Kandha c. Ngomong d. Ngrasani
19. Direwangi jungkir ..... meksa ora cukup.
a. Jungkir b. Walik c. Bundhas d. Jungkiran
20. Becik ketitik, ............ Terusane paribasan iku ......
a. Becik banget c. Ala ketara
b. Ala banget d. Ala-ala ora sepira
21. Kadang Pandhawa sing paling tuwa yaiku .....
a. Raden Werkudara c. Raden Gathutkaca
b. Raden Janaka d. Prabu Puntadewa
22. Raden Werkudara uga duwe jeneng liya yaiku Bratasena, mapan ing kasatriyan ........
a. Jodhipati c. Sawojajar
Tidak ada komentar:
Posting Komentar