Bahasa Jawa
III/II
CINDHELARAS
Dhek jaman biyen ing Kraton Jenggala ana satriya kang asma Raden Putra. Garwane loro, yaiku Dewi Limaran lan Dewi Cindaka. Dewi Limaran mau elek banget penggalihe. Gethinge karo Dewi Limaran kebat kliwat. Kerep banget wadul sing ora-ora marang Raden Putra.
Suwe-suwe Raden Putra ngandel, banjur Dewi Limaran ditundung. Nalika iku lagi mbabat, dadi yo mesakke banget. Tindake ora ana sing ndherekake, nganti kalunta-lunta tekan tengah alas.
Ing alas kono banjur gawe omah-omahan cilik, payone saka klaras. Bareng wis tekan wayahe banjur mbabar miyos kakung, bayi mau diparingi jeneng Cindhelaras.
I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d kang ana ngarepe wangsulan sing koanggep bener!
1. Raden Putra iku satriya saka .........
a. Ngamarta c. Jenggala
b. Pringgodani d. Maespati
2. Rikala ditundung Dewi Limaran lagi ...
a. Mbabat c. Mbabar
b. Miyos d. Lara
3. Ibune Cindhelaras iku .....
a. Dewi Cindaka c. Dewi Sekartaji
b. Dewi Sri d. Dewi Limaran
4. Dewi Cindaka mau elek banget ......
a. Pikirane c. Rupane
b. Penggalihe d. Lakune
5. Raden Putra iku garwane ana .....
a. Siji c. Telu
b. Loro d. Papat
6. Bu Tuti wis kulina banget ............. putrane.
a. Mbopong c. Nggendhong
b. Nyangking d. Ngindhit
7. Tyo lambene ............ mula ora wani mangan sambel.
a. Abuh-abuh c. Lara
b. Lumpangen d. Memprengen
8. Piranti apa wae kang mentas kanggo kudu dibalekake ing panggonane. Mentas kanggo tegese .......
a. Ora kanggo c. Sawise kanggo
b. Durung kanggo d. Arep kanggo
9. Pendhapa Surya Graha iku jenenge kantor kabupaten ing kutha ....
a. Magetan c. Maospati
b. Ngawi d. mediun
10. Yen nggowo kucing prayogane .......
a. Dibopong c. Digandheng
b. Dicengkiwing d. Dikempit
11. Tas iki regane ........? Tembung kanggo ngisi ceceg-ceceg kang bener yaiku ....
a. Apa c. Sapa
b. Ngapa d. Pira
12. Wong sugih iku uripe tansah mulya. Mulya tegese ............
a. Kepenak c. Rekasa
b. Susah d. Seneng
13. Dadi bocah iku kudu resikan. Resikan iku ora ...............
a. Resik c. Reged
b. Kemproh d. Resikan
14. Ing carita pewayangan cacahe Pandhawa iku ana ......
a. 7 (Pitu ) c. 4 (Papat)
b. 5 (Lima) d. 3 (telu)
15. Kang kalebu sedulur kembar kadang Pandhawa yaiku .....
a. Puntadewa&Werkudara c. Bratasena&Janaka
b. Permadi&Yudhistira d. Raden Pinten&Raden Tangsen
16. Pucung iku jenenge “tembang”, kalebu tembang ...............
a. Dolanan c. Macapat
b. Gedhe d. Tengahan
17. Tembang macapat iku cacahe ana pira?
a. 11(sewelas) b. 9(sanga) c. 10(sepuluh) d. 5(lima)
18. Bayu sambat yen mules. Sing mules iku apane?
a. Wetenge c. Bathuke
b. Gulune d. Sirahe
19. Tembung “dakpangan” yen diudhal manut wandane dadi .....
a. Dak-pangan c. Dak-pa-ngan
b. Dak-pang-an d. Dakpa-ngan
20. Wong kang gaweane nabuh gamelan diarani .....
a. Sindhen c. Waranggana
b. Niyaga d. Dhalang
21. Ukara “Bapak lagi teka.”, yen diowahi dadi krama alus dadi ......
a. Bapak lagi dugi. c. Bapak nembe rawuh.
b. Bapak nembe dugi. d. Bapak nembe teka.
22. Adhikku mangan sego goreng. Wasesane ukara iku yaiku ......
a. Adhikku c. Sego
b. Mangan d. Sego goreng
23. Ukara ing no.21, lesane yaiku .......
a. Adhikku c. Sego
b. Mangan d. Sego goreng
24. Sapi, kebo, wedhus iku lumrahe diarani .......
a. Raja kaya c. Raja donya
b. Raja brana d. Raja muka
25. Sing lumrah diarani apotik hidup iku tanduran kanggo obat-obatan. Ingkang kalebu tanduran obat-obatan yaiku ...........
a. Pari, jagung, tela c. Laos, kunir, jahe
b. Sledri, wortel, kentang d. Pelem, gedhang, rambutan
26. Bapak pucung rentang-renteng kaya kalung. Guru wilangane tembang iku ana..
a. 10 b. 12 c. 6 d. 11
27. Guru lagune gatra tembang ing no.26 yaiku .....
a. a b. I c. u d. o
28. Kebo iku lagi nusoni ....... e.
a. Belo b. Pedhet c. Bledug d. Gudel
29. Ibukku golek godhong gedhang garing ing kebonan. Godhong gedhang garing jenenge .......
a. Karuk b, Daduk c. Klaras d. rendeng
30. Bisamu mung (rusak), ora bisa ndandani. Tembung rusak iku kudune .....
a. Dirusak b. Ngrusak c. Korusak d. Dakrusak
II. Wangsulana kang patitis!
31. Ibu tuku beras ing pasar. Yen diowahi dadi krama alus .....
32. Pak Lurah tindak kantor nitih sepedha. Yen diowahi dadi basa ngoko ....
33. Ukara iki tulisen nganggo tulisan jejeg sambung! Aku lagi sinau Basa Jawa.
34. Rakiten ukara iki supaya dadi ukara sing sampurna!
Ibu – pendhekare – wanita – Kartini – para – dadi
35. Sebutna tembang macapat 3 (telu) wae!
36. Gawea ukara nganggo tembung “daksilih”!
37. Apa tegese paribasan “kebo nusu gudel”?
38. Tulisen apa wae kang kalebu sandhangan swara! (5)
39. Tukini tuku boneka. Yen ditulis aksara jawa .....
40. Ukara iki tulisen nganggo aksara latin! adiku mc buku
PADHANG SIAGA
Bagas iku salah sawijining murid kelas papat SDN Rejosari. Dheweke klebu murid sing sregep. Mulane saben nampa rapot dheweke tansah dadi “Bintang Pelajar”. Bagas uga wis dadi anggota Pramuka. Melu Gugus Depan sing manggon ana ing sekolahane.
Amarga umure isih sangisore sewelas tauh, mula dheweke isih ana ing tingkat Siaga. Seje karo mbakyune sing wis ngancik kelas enem, mlebu tingkat Penggalang.
I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d kang ana ngarepe wangsulan sing koanggep bener!
1. Irah-irahane wacan ing dhuwur ......
a. Pramuka c. Pramuka Siaga
b. Padhang Pramuka d. Padhang Siaga
2. Supaya bisa dadi “Bintang Pelajar” kudu .....
a. Sregep b. Kesed c. Seneng d. Lumuh
3. Bagas kalebu anggota Pramuka tingkat ......
a. Pandhega c. Penggalang
b. Penegak d. Siaga
4. Miturut wacan ing dhuwur, sing kalebu tingkat Penggalang yaiku .....
a. Bagas c. Kakangane Bagas
b. Mbakyune Bagas d. Murid kelas papat
5. Bagas ora mlebu tingkat Penggalang amarga .....
a. Ora munggah kelas c. Umure sangisore sewelas taun
b. Ngancik kelas enem d. Melu Gugus Depan ing sekolahan
6. Setahun sepisan sekolahanku ngenekake persami. Persami singkatan saka ...
a. Perkemahan Sabtu Minggu c. Perkemahan Jumat Sabtu
b. Perkemahan Kemis Jumat d. Perkemahan Rebo Kemis
7. Menawi gerah kedah ngunjuk obat. Ukara iku migunakake basa ....
a. Ngoko b. Ngoko alus c. Krama d. Krama inggil
8. Adik ....., yen kancane mau tiba. Ceceg-ceceg iku sing bener diisi tembung ...
a. Kandha b. Ngendika c. Dhawuh d. Nimbali
9. Aksara jawa iku cacahe ana 20, sing ora gelem dipangku yaiku aksara .....
a. ha, ra, ka (a,r,k ) c. ha, ra, nga (a,r,z )
b. ha, nga, da (a,z,f) d. la, ra, nga (l,r,z )
10. Tembung “sriwedhari” yen ditulis jawa .....
a. s]iwefri c. s]iwedri
b. s]iwef[r d. si/wedri
11. Paseduluran sing ora bisa rukun diparibahasakake .....
a. Kaya bumi karo langit c. Kaya banyu karo lengo
b. Kaya mimi lan mintuna d. Kebo nusu gudel
12. Mbak Sari mundhut kertas ........
a. Sasuwek b. Salembar c. Sasiung d. Sadhompol
13. Tembung ing ngisor iki sing nganggo seselan um yaiku .....
a. Sesumbar c. Lumpang
b. Sumbangan d. Gumandhul
14. Aku wis mangan, nanging bapak durung ......
a. Nedha c. Maem
b. Madhang d. Dhahar
15. Sing ora kalebu tembang dolanan yaiku .....
a. Kinanthi c. Sarsur Kulonan
b. Jaranan d. Cublak-cublak suweng
16. Susi nulung adhine. Yen digawe ukara tanggap ........
a. Susi ditulung adhine c. Adhine Susi daktulung
b. Adhine ditulung Susi d. Adhine Susi koktulung
17. Sing kalebu ukara tanduk yaiku ....
a. Aku disangoni ibu. c. Adhik daksangoni
b. Ibu nyangoni adhik. d. Sapa sing koksangoni?
18. Ibu nyuwun priksa apa adhik wis bali? Nyuwun priksa ngokone ....
a. Takon b. Kandha c. Ngomong d. Ngrasani
19. Direwangi jungkir ..... meksa ora cukup.
a. Jungkir b. Walik c. Bundhas d. Jungkiran
20. Becik ketitik, ............ Terusane paribasan iku ......
a. Becik banget c. Ala ketara
b. Ala banget d. Ala-ala ora sepira
21. Kadang Pandhawa sing paling tuwa yaiku .....
a. Raden Werkudara c. Raden Gathutkaca
b. Raden Janaka d. Prabu Puntadewa
22. Raden Werkudara uga duwe jeneng liya yaiku Bratasena, mapan ing kasatriyan ........
a. Jodhipati c. Sawojajar
b. Pringgodani d. Ngastina
23. Raden Werkudara iku satriya kang gagah prakosa. Tembung gagah prakosa iku kalebu tembung saroja.
Tembung-tembung ing ngisor iki sing ora kalebu tembung saroja ......
a. Nunggal misah c. Guyub rukun
b. Gethok tular d. Gandhes luwes
24. Ukara-ukara ing ngisor iki sing ora kalebu ukara pakon yaiku .....
a. Yen kepingin mundhuta! c. yen sayah ngasoa!
b. Yen abot aja diasta. d. Jendhela iku tutupana!
25. Wah, bocah iku untune rintik-rintik ......
Panyandra kang trep ing ceceg-ceceg iku ......
a. Miji timun c. Mbangir
b. Mucuk eri d. Nawon kemit
26. Ukara-ukara iki kang ora trep yaiku....
a. Bagas lara untu, mula dheweke priksa menyang puskesmas.
b. Bu Iin iku ngasta dadi guru, mula saben dina tindak menyang sekolahan.
c. Novy mapag eyange menyang terminal, jalaran eyange nitih bis.
d. Pak Bambang iku ngasta dadi sopir, mula saben dina nglakokake sepur.
27. Sarangan iku kalebu kutha pariwisata. Kutha pariwisata tegese ....
a. Papan kanggo rapat c. Papan kanggo kemah
b. Papan kanggo mlancong d. Papan kanggo olahraga
28. Aku diajak bapak mapag ibu ana bandhara. Ngendikane bapak .......
a. “Le, Bapak arep mapag ibu ana bandhara.”
b. “Le, papagen ibumu ana bandhara.”
c. “Le, ayo nderek Bapak mapag ibu ana bandhara.”
d. “Le, nderek apa ora mapag ibu ana bandhara.”
29. Yen nulis layang kudu diwenehi tanggal sing diarani ......
a. Titi mangsa c. Tanggal mangsa
b. Adangiyah d. Surasa basa
30. Dewi Kunthi iku garwane Prabu Pandhu Dewanata. Garwa tegese ......
a. Anak b. Putu c. Adhi d. Bojo
II. Wangsulana kang patitis!
1. Omahe Pak Guru ana ing ngarep omahku. Yen diowahi dadi basa krama .....
2. Ani diutus ibu. Yen diowahi dadi ukara tanduk ....
3. Pamomonge Pandhawa iku diarani Punakawan. Coba aranana sapa bae Punakawan iku!
4. Pitik walik saba kebon. Apa batangane?
5. Nabok nyilih tangan. Paribasan iku tegese apa?
6. Apa sing diarani guru lagu iku?
7. Gawea ukara tanggap kanthi ater-ater dak!
8. Sebutna tembang macapat 5 (lima) wae!
9. Suparlan macul ing kebon. Yen ditulis aksara jawa .....
10. sumi[at]o g[w seg [go[r= Yen ditulis aksara latin .....
………………………………
1. Bapak pucung, bleger sirah lawan gumbung
Padha dikunjara
Mati sajroning kaurip
Mbijig bata nuli urip sagebjaran
2. Murid iku, kudu nggugu dhawuh guru
Aja dha sembrana
Nggugu sakarep pribadi
Wurih tembe dadi janma kang utama
3. Bapak pucung, renteng-renteng kaya kalung
Dawa kaya ula
Pencokanmu wesi miring
Yen lumaku si pucung ngumbar suwara
I. Wenehana tandha ping (X) aksara a, b, c utawa d kang ana ngarepe wangsulan sing koanggep bener!
1. Tembang macapat ing dhuwur jenenge .....
a. Kinanthi b. Mijil c. Pucung d. Megatruh
2. Tembang ing dhuwur ana ...... pupuh.
a. Loro b. Telu c. Papat d. Lima
3. Pupuh ka loro iku pitutur menyang ......
a. Manungsa b. Anak c. Guru d. Murid
4. Pupuh ka telu ngemu surasa cangkriman, batangane .......
a. Sepur b. Ula c. Kalung d. Gajah
5. Kang ora kalebu tembang macapat yaiku .....
a. Jamuran b. Gambuh c. Kinanthi d. Pangkur
6. Sing ora kalebu perangane tembang macapat yaiku .....
a. Guru lagu c. Guru sastra
b. Guru wilangan d. Guru gatra
7. Aksara jawa iku cacahe ana ....... aksara.
a. 10 b. 15 c. 20 d. 25
8. Sandhangan kanggo swara ( u ) yaiku .....
a. Taling tarung ([ ...o ) c. Suku (....... u )
b. Pepet ( e ) d. wulu ( i )
9. Tembung sing urung owah saka asale diarani tembung .......
a. Andhahan b. Lingga c. Dwilingga d. Dwipurwa
10. Mangerteni asale saka tembung lingga ......
a. Anget b. Ngerte c. Ngerti d. Teni
11. Lading sing arep kanggo mbeleh pitik iku coba ....... dhisik.
a. Resikana b. Umbahen c. Pandheren d. Ungkalen
12. Ayam kula dipun mangsa sawer. Dipun mangsa tegese ......
a. Dikiter b. Digawa c. Dipangan d. Dipateni
13. Bapak mundhut sepeda motor. .............. sing dipundhut bapak?
a. Sapa b. Apa c. Geneo d. Pira
14. Pak Surya piyantune sabar banget, nanging garwane ..... banget.
a. Galak b. Alus c. Mule d. Loma
15. Pasuryane piyantun kalih niku padha pleg pindha...............
a. Tikus karo kucing c. bumi karo langit
b. Jambe sinigar d. Banyu karo lengo
16. Pagupon iku arane omah ............
a. Jaran b. Pitik c. Dara d. tawon
17. Nom-noman sing gaweane mladen jenenge .....
a. Pramugari b. Sinoman c. Niyaga d. Pramuniaga
18. Andin tuku jajan ing pasar. Ukara iku lesane .....
a. Andin b. Tuku c. Jajan d. Pasar
19. Amarga wis tua semangkane (undhuh) bapak. Undhuh benere .....
a. Undhuhana b. Diundhuhi c. Dakundhuhi d. Koundhuhi
20. Tembung ing ngisor iki sing ora oleh seselan in yaiku ......
a. Tinuju b. Ginawa c. Linuwih d. Lintingan
21. Kramane tembung driji yaiku ......
a. Rasikan b. Asta c. Sampeyan d. Racikan
22. Sing kalebu ater-ater tri purusa yaiku .....
a. dak, ko, di c. se, ke, me
b. an, am, any d. in, um, el
23. perang Baratayuda iku perang antarane ....
a. Pandhawa mungsuh Gathutkaca
b. Pandhawa mungsuh Kurawa
c. Kurawa mungsuh Adipati Karna
d. Gathutkaca mungsuh Kalabendana
24. Ibu wis teka, aku durung adus. Ukara iku kramane.....
a. Ibu sampun rawuh, kula dereng siram.
b. Ibu sampun dugi, kula dereng adus.
c. Ibu sampun rawuh, kula dereng adus.
d. Ibu sampun kondur, kula dereng siram.
25. Dhong-dhinge swara ing pungkasane gatra sajrone tembang diarani ......
a. Guru gatra c. Guru Wilangan
b. Guru swara d. Guru lagu
26. Ukara-ukara ing ngisor iki sing kalebu ukara pakon yaiku .....
a. Caosno buku iki! c. Simbah apa wis dhahar?
b. Bapak tindak sawah. d. Endhoge wis netes.
27. Tulisan jawa sing unine “Bapak tuku tikar.” ............
a. bpkT|kutik/ c. vpkK|kutek/